Paribasan, Bebasan, Saloka
Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
Anak polah bapa kepradah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
Asu marani gebug = njarag bebaya
Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Belo melu seton = bisane mung elu-elu, ora ngerti sing dikarepake
Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran
Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
Cebol nggayuh lintang = kekarepan sing ora bakal kelakon
Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata)
Endhas gundhul dikepeti = ngepenakke wong sing wis kepenak
Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
Gajah ngidak rapah = nglanggar larangane dhewe
Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndahwa sing ora bener
Nggenthong umos = ora bisa nyimpen wewadi
Idu geni = sakuni-unine kelakon
Idu ilat = njabel rembug sing wis kawetu
Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
Jati ketlusuban luyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
Njagakake endhog si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
Kebo kabotan sungu = kabotan butuh amarga kakehan anak
Kebo nsusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe nglembana bali nyang asale
Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
Kadang konang = gelem ngaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
Kacang mangsaa ninggal lanjaran = kelakuane wong tuwa biasane tumurun anake
Kandhang langit kemul mega = ora duwe papan (omah)
Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
Kegedhen empyak kurang cagak = duwe panjangka ning ora sembada
Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad
Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
Kena iwake aja buthek banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
Kethek sranggon = grombolane wong ala
Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
Kere munggah bale = wong asor dadi wong pangkat
Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = njarag (marani) bebaya
Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
Mubra-mubru blabar madu = sarwa kecukupan
Meneng kitiran = ora bisa anteng
Maju tatu mundur ajur = mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil
Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane
Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
Nyolong pethek = luput saka pangira
Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
Nabok nyilih tangan = nindakake pakaryan ala kongkon wong liya
Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
Obor blarak = mung sawetara wae
Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
Ora ana banyu mili munggah = watak iku tumurun marang anak
Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
Palang mangan tandur = diwenehi kapercayan njaga malah ngrusak
Pitik diumbar ing padaringan = akeh-akehe wong gelem ngaji
Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake
Rubuh-rubuh gedhang = manut tumindake liyan (melu-melu)
Salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
Sembur-sembur adas = melu ndongakake
Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
Satru mungguhing cangklakan = duwe mungsuh ana ing lingkungan sanak sedulur
Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan bareng-bareng
Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
Timun wungkuk jaga imbuh = mung kanggo jaga-jaga yen kekurangan
Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
Tuna satak bathi sanak = rugi petung nanging tambah sedulur
Tunggal banyu – tunggal guru
Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawa (keplayu ing peperangan)
Tumbak cucukan = seneng pradul
Tumbu oleh tutup = kakancan sing nyocoki
Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)
Wela tanpa alis = arep tetulung nanging ora sembada
Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
Waras-wiris = sehat
Yuwana mati lena = nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
Yuyu rumpung mbarong ronge = nadyan omahe gedhe durung karuwan sugih
Thursday, April 10, 2008
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment