Thursday, April 10, 2008

Ater-ater

Ater-ater iku pocapan tambahan kang ana ing ngarep tembung lingga. Yen ing basa Indonesia disebut awalan. Ing basa Jawa, ater-ater iki antara liya:

* Hanuswara (n, ny, m, ng)
* Tripurusa (tak, ko, di)
* Sa, pa, pi, pra, tar, ka, kuma, kapi, kami, a, ma, pan, pang, lan sapanunggalane

Tuladha:

* n + tulis --> nulis
* ny + silih ---> nyilih
* di + rasa ---> dirasa
* pa + tandhang ---> panandhang

No comments: